Rabu, 30 Maret 2016

WENING


Ki maeng sore pas aku benakne rem ngarep kendaraanku diparani cak man, ujug ujug mak bedunduk alias mak jegeleg cak man langsung melu ndoprok karo ngakep rokok inter e.. "mbenakne opo ndi?" cak man takok. "iki lo cak, rem ngarep sebelah kiri kok ga gelem balik pistone" jwbku. "jajal diwenehi stempet nu" jare cak man. "iyho ki jajal tak resiki trus tak wenehi stempet cak" jwbku. "lha iki ban buri sebelah kiri yho jauk ganti ndi". cak man ngomong maneh. "ho oh cak, kari masang tp kok males gowo nak bengkel ban" jwbku. "eh ndi, ngerti ra lak lek to kae senengane ngrasani konco koncone?" takoke cak man. "waduh...(aku mung mesem karo jupuk stempet)". "aku ki ra tau ngrasani koncoku po meneh lek to,mergo aku paling geting karo wong seng seneng rasan rasan ndi,tp kok jek dirasani ae karo lek to kui" cak man ngomong ae padahal aku wes ga nanggepi. "po meneh lak pas nang warung,puh tambah nemen lek to lak rasan rasan ndi" cak man panggah nrocos ae karo madep ngetan. Gregeten karo cak man mergo dirusuhi ae lakku dandan rem akhire aku muni. "kowe ki ancen asyhu og cak, geting karo wong seng gaweane rasan rasan tp awakmu dewe seneng rasan rasan,ngene ki po ga ngrasani mok kiro ki cak?" cak man mesam mesem... "wes ndang ngalih tiwas tak bandem dongkrak we nto cak,, jiangkrek nan we" aku gaya ngangkat dongkrak koyo arep tak bandemne .. cak man jrantal mblayu ampek rokok e keri,,, aku ngakak nyawang cak man.. "lumayan ditinggali inter" batinku..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar