Jumat, 28 Oktober 2016

PODO ning ORA PODO


Wingi sore pas udan ngrecih ae aku didolani karo kang saiin, wonge sambat watuk ra mari mari,jare wes berobat nang ndi2 tapi panggah ae. Kang saiin : pye iki ndi kok watukku ga mari mari ki? Aku : Lah pie to kang, wes tok obatne opo durung? (takokku karo mesem) Kang saiin : Jelas uwis to ndi, lha jek laku syareat lho aku iki.. Aku : guyu kekel mergo krungu kalimat LAKU SYAREAT, Kang saiin : Wakmu ki ditakoni kok malah guyu kekel ki pie ndi? Aku : Ya wes pean jajal obati karo jeruk nipis dicampur kecap manis kang, kae criphek tak omongi ngono terus dicoba alhamdulillah waras. Kang saiin : Tenan ye kui? Aku : Yho dicoba to kang, menungso kui ora due KEPASTIAN, isone mung nyoba.. Kang saiin trus mak jrantal mlayu muleh, ora pamit ampek rokoke inter keri, aku mung mbatin menungso pengen e seng enak enak terus, diwenehi rekoso saitik ae kok wes bingung lak nolak. Telung dino soko kui aku ngopi nak ngarepan omah, dikancani criphek karo kinclung, soko kulon kang saiin ketok jek panggah watuk,malah tambah nemen, wonge weruh aku ngopi nak warung banjur mampir trus ngajak ngobrol. Kang saiin : Wakmu ngapusi ndi,jare watuk ditambani jeruk nipis karo kecap manis iso waras...(karo watuk2) Aku : Lha opo wes pean tambani to kang? Kang saiin : Yho wes nu, muleh ko gonmu kae aku langsung moro nang warunge pak jan..pesen sego goreng karo es jeruk. Aku : Lah lah kok pesen sego goreng karo es jeruk kang? Kang saiin : Lha jaremu kon ngobati jeruk dicampur kecap mangkane aku pesen es jeruk karo sego goreng,kan sego goreng yho enek kecap e to ndi..pie jane karepmu iki...(kang saiin mecicil mergo ngempet watuke) Aku : (Guyu ngakak, kok enek ae menungso model ngene iki), yho ora ngono maksudku kang, jeruk diperes dideleh sendok terus dicampur karo kecap,ora bentuk sego goreng karo es jeruk,,, ealah kang kang kok gemblung tenan wakmu iki... Kang saiin : ealah ngono to bakno... Aku : Yho ngene ki lo seng jeneng sami' karo muta'alim ga podo,podo wae karo wong ngaji yen ora dikaji maneh mesti salah penafsiran. Criphek karo kinclung kekel ngrungokne critone kang saiin.

Senin, 19 September 2016

14.15


Iki maeng aku ora mlebu kerjo,pikirku penak nganggur nang omah tapi bakno malah bingung, lontang-lantung ga jelas, Akhire panggah budal ngopi nak warung ngarep omah. Lagi wae pesen kopi, iku wae durung digawekne malah diparani Lek To, "bih apes maneh iki" batinku. "gak mlebu to ndi?" Lek To takon "ora lek.." jawabku karo panggah dolanan COC. "penak koyo awakmu,ga mlebu panggah dibayar". lajut Lek To. aku cuma mrenges ga nyawang wonge. "aku ki jane piye yo ndi?" takoke Lek To. "jane piye opo ne to Lek?"takokku. "lhayo, jane aku ki wes istikomah,tahajud,dhuha, kerjo yo sregep tapi kok panggah ngene-ngeneae" jwbe Lek To. "ngene piye to Lek?" takokku. "panggah mlarat ndi,bih ngonoae ga paham wakmu ki" jwbe Lek To rodok mangkel. "oalah...apik kui Lek". jwbku karo guyu. "kok apik? piye karepmu ki?". Lek To soyo mliliki aku. "lhayho Lek,lak pean sugih durung mesti pean iso istikomah,tahjud,dhuha, keadaan pean koyo ngunukui mergo Gusti Alloh iku sayang karo pean Lek." jwbku "mosok ngono yho ndi?" Lek To. "HO'OH" jwbku karo nyumet samsu.. Lek To mantuk mantuk karo meneng, ketok koyo wong mikir. Aku cuma nyawang karo mbatin "angel lek nglakoni koyo pean,ditinggal bojo dadi tkw,dipasrahi anak telu sek cilik cilik kabeh, hmmm..mugoae pean kuat nglakoni proses Lek".

Kamis, 21 April 2016

NYAi


Empat hari ini aku "tidak gila",berebut tulang bersama mereka.Berbaur bersama kutu,kecoak dan kepiding ditumpukan sampah sampah, mengais kotoran yang membikin buncit perut. Empat hari ini aku "tidak gila",teriak dan mencaci serta membual bersama gagak,beo dan kenari, memaki pada setiap kenyataan dan khayalan. Empat hari ini aku "tidak gila", meronta,menerjang dan menginjak injak takdir bersama jin,setan dan memedi, berusaha pergi dari takdir idzati. Saat ini aku hanya bisa terdiam disudut keindahanNya, Aku menangis, meraung dan meratapi kesembuhan dari penyakit "gila" ku.Meski sesaat tp aku menyesalinya sangat. Aku memang laknat yang sering berhianat dari janji adam pada sang pencipta. Aku memang pengecut yang selalu berlalu dari mimpi mimpi yang menjadi panutan oleh mereka yang merasa manusia.

Senin, 04 April 2016

DZAN


Katamu kau mempercayai,tapi kenapa butuh bukti? Bukankah percaya itu tidak butuh bukti?? Katamu kau mengerti,tapi kenapa masih bercokol ragu dihati? Bukankah pengertian itu bersifat inti tanpa ada sedikitpun ari yang menyertai? Katamu kau patuh, tapi kenapa masih ada keluh yang keluar dari mulut keruhmu? Bukankah patuh itu utuh tanpa tendensi dan emosi? Kalau itu semua masih ada padamu maka janganlah marah jika kau masih "MANUSIA" karna manusia memang munafik, tertawa meski tidak suka, bahagia meski pura pura untuk menutupi duka, Menikmati meski hati mengingkari. KEINDAHAN MANUSIA TERLETAK DIHATI,BUKA DISORBAN,HIJAB ATAUPUN PECI..

Rabu, 30 Maret 2016

WENING


Ki maeng sore pas aku benakne rem ngarep kendaraanku diparani cak man, ujug ujug mak bedunduk alias mak jegeleg cak man langsung melu ndoprok karo ngakep rokok inter e.. "mbenakne opo ndi?" cak man takok. "iki lo cak, rem ngarep sebelah kiri kok ga gelem balik pistone" jwbku. "jajal diwenehi stempet nu" jare cak man. "iyho ki jajal tak resiki trus tak wenehi stempet cak" jwbku. "lha iki ban buri sebelah kiri yho jauk ganti ndi". cak man ngomong maneh. "ho oh cak, kari masang tp kok males gowo nak bengkel ban" jwbku. "eh ndi, ngerti ra lak lek to kae senengane ngrasani konco koncone?" takoke cak man. "waduh...(aku mung mesem karo jupuk stempet)". "aku ki ra tau ngrasani koncoku po meneh lek to,mergo aku paling geting karo wong seng seneng rasan rasan ndi,tp kok jek dirasani ae karo lek to kui" cak man ngomong ae padahal aku wes ga nanggepi. "po meneh lak pas nang warung,puh tambah nemen lek to lak rasan rasan ndi" cak man panggah nrocos ae karo madep ngetan. Gregeten karo cak man mergo dirusuhi ae lakku dandan rem akhire aku muni. "kowe ki ancen asyhu og cak, geting karo wong seng gaweane rasan rasan tp awakmu dewe seneng rasan rasan,ngene ki po ga ngrasani mok kiro ki cak?" cak man mesam mesem... "wes ndang ngalih tiwas tak bandem dongkrak we nto cak,, jiangkrek nan we" aku gaya ngangkat dongkrak koyo arep tak bandemne .. cak man jrantal mblayu ampek rokok e keri,,, aku ngakak nyawang cak man.. "lumayan ditinggali inter" batinku..

Senin, 28 Maret 2016

18.35


Mari magriban grimis trus timbang nganggur aku ngopi nak ngarep omah.. Ngobrol karo kang saiin.. "awakku loro kabeh ndi, pilek meriang" jare kang saiin. "dijawil kui kang,hehehe" jwbku "dijawil piye maksudmu?" takoke kang saiin. "dijawil karo seng gawe urip kang, paling wes suwi pean lalikne,hehehe" jwbku maneh. "opo yho ngono kiro-kiro,arep golek obat sek ndi" kang saiin ngadek arep ngaleh. "ora isin ye kang?" takokku. "isin karo sopo?" kang saiin balik lingguh. "karo seng wenehi waras nu kang, mosok diwenehi waras gelem mboso diwenehi loro kok ga gelem trus bingung golek obat,seng wenehi kan podo wae kang..hehehe" jwbku "lha kowe lak loro opo ga mok obati ndi?" takoke kang saiin. "aku ki ora tau waras kang, ket cilek ampek sakmene ki blasss ga tau waras" jwbku. "lha kowe loro opo wong ketok sehat ngono?" takoke kang saiin. "halah pomo tak critakno pean yho panggah ga mudheng kang, penyakit e aneh,hehehe.." jwbku "penyakitmu edyan ye?" takoke kang saiin. "wkwkwkw(aku guyu kekel) ora kang, lebih bahaya soko edyan..wkkwkwkw.."jwbku kekel "lha terus saiki piye ndi?" takoke kang saiin. "yho ra piye kang, wes pokok ditrimo ae wong kabeh kui seng wenehi podo,adab e mahluk nak gustine kan ngono to kang".jwbku karo nyumet samsu. "oalah iyho yho.." kang saiin ga sido golek obat malah melu nyumet apache.. aku mung mesem karo dolanan coc..

Minggu, 27 Maret 2016

SEBELUM CAHAYA


Hanya cerita yang bukan sebuah sejarah ataupun sebuah kisah, Aku berjalan memenuhi hasratku untuk mencari. Memutari setiap inchi dari yang fana. Ketika hujan aku hanya menemui genangan genangan air yang tak bermuara. Ketika panas aku hanya menemui kerontang yang menyilaukan mata. Ketika malam aku hanya menemui gelap yang tak berujung. Ketika siang aku hanya menemui terang yang berbayang bayang. Dalam kelelahan,aku bersandar pada keyakinan yang tetap tegar untuk menemukanmu. Dalam diam dan kesendirian aku terperanjat akan "hadirmu" diantara aku dan semesta. Ketika aku menemukanmu hanya ada rasa malu dan malu yang tak berkesudahan. Malu bahwa selama ini mengapa aku mencarimu padahal engkau tak jauh dariku. Malu mengapa selama ini aku terus berprasangka bahwa kau menutupi mataku akan wujudmu, padahal TAK ADA SATU MAHLUKPUN YANG MAMPU MENUTUPIMU. Dan akhirnya pencarian ini telah berakhir Dan akhirnya tak ada lagi beda antara nyata dan mimpi.

Jumat, 25 Maret 2016

LIR......ing????...


Sedino ki maeng aku ra enek penggawean blas, akhire timbang nglamun mending ngopi wae nak ngarep omah, ora lali karo gowo laptop itung itung bondo tuku kopi sak gelas tapi oleh gratisan wipi, Nyampek warung trus pesen kopi buka leptop, karo nuunggu pesenan kopi teko aku nyumet samsu krebullll....jan urip mulyo tenan batinku..hehehehe.. Ura suwe criphek (tonggo kulon omah) teko pisan karo pringas pringis ... "lapo we rong?" criphek takok "halah iki lo phek,dolanan karo bokmenowo enek tambah kanggo tuku rokok" jawabku "buka opo we?" takokke criphek maneh "iki lo buka porex, jajal delok propitku oleh piro" jwbku "lha oleh piro?, aku ga mudheng ngunu kui.." jwb e criphek. "lumayan phek, 15,7dolar". jwbku "cuk, sakmono kok lumayan pie,kui akeh rong" jawabe criphek. aku mung guyu "wes ra sah omongongae,ndang jauk kopi pisan sak rokokmu" 'sippp!!!!!' jwbe criphek.. Ora suwe kopi teko, jenenge bakul kopine makdhe gudik,,karo wenehne kopi makdhe gudik ngomong ngene " URIP KUI ORA TENTANG OPO SENG MOK KHAYALNE LAN SENG MOK IMPEKNE TAPI TENTANG OPO SENG MOK PIKIRNE LAN SENG MOK KERJAKNE" makdhe gudik karo mesem trus nglirik aku trus balik nglayani pembeli liyane. Aku karo criphek mung guyu ingah ingih,,, "ancen bener rong seng diomongne gudik kui,wong lak kakean ngipi lan berkhayal dadi ora oleh opo opo.oleh e mung ngelu nang sirah" jare cripkek. "lhayho ancen ngono to phek ket biyen ke, wes rasah ngipi ndang reneo tak warahi porex ben ora urip nak khayalan ae wakmu ki" jwbku karo ngakak. Akhire cah loro podo edyan mentelengi layar laptop..

Kamis, 24 Maret 2016

SUDUT MATA


Ketika mereka bertanya aku hanya terdiam. Ketika mereka meminta aku hanya melihat. Ketika mereka bersuara aku hanya menguap. Ketika mereka menangis aku hanya berdesis. Ketika mereka tertawa aku hanya bersendawa. Ketika mereka bermimpi aku hanya berdiri. Ketika mereka berlarian, mengejar entah apa yang dikejar aku hanya mematung dan bingung, Bingung mengapa mereka bertanya padahal sudah jelas jawabannya. Bingung mengapa mereka meminta padahal semua sudah disediakannya. Bingung mengapa mereka bersuara padahal hakikat manusia adalah diam karna bersuara hanyalah tambahan. Bingung mengapa mereka menangis padahal semua hanyalah berujung diretina dan iris. Bingung mengapa mereka tertawa padahal satu detik kedepan kita tak pernah bisa menerka Bingung mengapa mereka bermimpi padahal raga ini bukan engkau miliki. Aku yang linglung hanya bisa merasakan datarnya dunia ini dan sempitnya fana' ini. Karna bagiku, tawa tak harus dalam suka dan sebaliknya tangispun tak harus dalam duka. Cobalah sekali saja untuk berdiri diluar batas kewajaran, sehingga engkau bebas untuk melihat dan memandang sesamamu "DUNIA INI ADALAH KEGELAPAN DAN YANG MEMBUATNYA TERANG HANYALAH TANDA ADANYA ILLAH DIHATIMU"

Tentang-Nya


Aku hanya ingin menulis tentang dirinya yang kata sebagian besar orang bersembunyi dibalik ungunya kearifan Kawan, penahkah terbersit dihatimu bahwa dia tak jauh darimu, bahwa dia tak pernah bersembunyi, karna tak ada benda atau mahluk apapun yang bisa menutupinya. Kawan, Pernahkah kau berfikir tentang ucapanmu yang katanya kau tak bisa melihatnya? Kawan, sadarkah kau ketika kau kesulitan untuk melihatnya itu bukan karena dia tertutup sesuatu melainkan engkaulah yang sengaja mencari penutup atas dirimu terhadapnya. Ketika ku tuliskan ini ingatanku terlempar jauh ke masa dimana aku baru mengenal tentang bermacam warna,berbagai bentuk isi dunia, Dan ketika itu aku terduduk dihadapan ayah yang sedang bertanya kepadaku. "anakku, jika aku kelak tiada, masihkah kau menyembahnya?" Aku hanya terdiam karna aku tak yakin bahwa kelak keyakinan dan kepercayaanku akan tetap seperti ketika berada dihadapan ayahku. Dan selama itu pula aku berusaha mencari dan memahami tentang apa yang aku yakini dan percayai, hingga suatu saat aku menemukannya. kawan, taukah kau apa yamg aku rasakan saat pertama kali menjumpainya??? Kawan, taukah kau bahwa saat berjumpa dengannya hanya rasa malu dan malu yang aku rasakan. Malu karna selama ini aku selalu berprasangka, Malu karna selama ini aku hanya menduga, Malu karna selama ini aku sering menduakanya, Malu karna selama ini aku sering menyianyiakannya. Kawan, taukah kau perasaanku saat ini? AKU HANYA INGIN BERSAMANYA

Lek To vs setan


edisi crito : Sore ki maeng pas ngopi nang warung ngarep omah ketemu lek to wonge crito mari ketemuan karo mantan pacar, jenenge wong pernah seneng akhire biasa kangen kangenan. pacare lek to jenenge mbak suminten, semok yho ndelalah rondo iku jare lek to.. kocap kacarito lak mung omong omongan tok yho kecut pikire lek to akhire wong loro kui maeng sepakat nyewo kamar nak hotel salm* Nyampek hotel wong loro kui langsung nang recepsionis "mbak enek kamar? " jare lek to "enek om, kari siji lan fasilitase mung kipas angin" jwb recepsionis " piye yank?" lek to takok mbak suminten. "ora popo yank.." jwb suminten karo mesem "ya wes kui ae mbak,ndi kuncine" lek to muni nak recepsionis e Sak wis e oleh kunci lek to lan suminten age age nyang kamar , dasare wes do kebelet.. hehehe.. teko kamar langasung cepot klambi..trus terjadilah.. IYKWIM Durung ampek 2 ronde ndilalah enek razia pol pp.. lek to karo suminten gelagapan didobrak kamare.. "aku ora salah pak,ojo digowo nak kantor" lek to karo prembik prembik. "iyo pak aku yho ora salah,," suminten karo ndingkluk.. "kabeh do ra salah,trus sopo seng salah?" takoke pol pp "SETAN pak" jwb lek to ro suminten kompak ujug-ujug ndas e lek to mrempul kenek upper cut setan seng membo membo dadi pol pp "jiangkrek tenan menungso iki,aku ora lapo lapo barang panggah disalahne.." setan asli gremeng karo ngemut premen Iki maeng crito ne lek to pas ngopi nak warung ngarep omahku

Rabu, 23 Maret 2016


Liring mati sajroning ngahurip, iya urip sajtoning pejah, urip bae selawase, kang mati nepsu iku, badan dhohir ingkang nglakoni, katampan badan kang nyata, pamore sawujud, pagene ngrasa matiya, (Mati di dalam kehidupan. Atau sama dengan hidup dalam kematian. Ialah hidup abadi. Yang mati itu nafsunya. Lahiriah badan yang menjalani mati. Tertimpa pada jasad yang sebenarnya. Kenyataannya satu wujud. Raga sirna, sukma mukhsa. Jelasnya mengalami kematian) (linglung-R.Said) Yang tercipta hanya untuk mengabdi dan bukan menggurui atau bahkan memiliki..

YANG MERINDU..


Bagaimana hati bisa menemukan pujaannya dan jiwa mampu memahami keindahan dari setiap karunia yang didapat? jika terus berendam disyahwat dunia dan terbelenggu diilusi fana'? jangankan untuk berjumpa,untuk mendekatpun kau akan kesulitan.. PENDAMLAH HATIMU DIKESUNYIAN YANG TERDALAM SEHINGGA TUMBUH KERINDUAN ITU DENGAN SEMPURNA.