Jumat, 28 Oktober 2016

PODO ning ORA PODO


Wingi sore pas udan ngrecih ae aku didolani karo kang saiin, wonge sambat watuk ra mari mari,jare wes berobat nang ndi2 tapi panggah ae. Kang saiin : pye iki ndi kok watukku ga mari mari ki? Aku : Lah pie to kang, wes tok obatne opo durung? (takokku karo mesem) Kang saiin : Jelas uwis to ndi, lha jek laku syareat lho aku iki.. Aku : guyu kekel mergo krungu kalimat LAKU SYAREAT, Kang saiin : Wakmu ki ditakoni kok malah guyu kekel ki pie ndi? Aku : Ya wes pean jajal obati karo jeruk nipis dicampur kecap manis kang, kae criphek tak omongi ngono terus dicoba alhamdulillah waras. Kang saiin : Tenan ye kui? Aku : Yho dicoba to kang, menungso kui ora due KEPASTIAN, isone mung nyoba.. Kang saiin trus mak jrantal mlayu muleh, ora pamit ampek rokoke inter keri, aku mung mbatin menungso pengen e seng enak enak terus, diwenehi rekoso saitik ae kok wes bingung lak nolak. Telung dino soko kui aku ngopi nak ngarepan omah, dikancani criphek karo kinclung, soko kulon kang saiin ketok jek panggah watuk,malah tambah nemen, wonge weruh aku ngopi nak warung banjur mampir trus ngajak ngobrol. Kang saiin : Wakmu ngapusi ndi,jare watuk ditambani jeruk nipis karo kecap manis iso waras...(karo watuk2) Aku : Lha opo wes pean tambani to kang? Kang saiin : Yho wes nu, muleh ko gonmu kae aku langsung moro nang warunge pak jan..pesen sego goreng karo es jeruk. Aku : Lah lah kok pesen sego goreng karo es jeruk kang? Kang saiin : Lha jaremu kon ngobati jeruk dicampur kecap mangkane aku pesen es jeruk karo sego goreng,kan sego goreng yho enek kecap e to ndi..pie jane karepmu iki...(kang saiin mecicil mergo ngempet watuke) Aku : (Guyu ngakak, kok enek ae menungso model ngene iki), yho ora ngono maksudku kang, jeruk diperes dideleh sendok terus dicampur karo kecap,ora bentuk sego goreng karo es jeruk,,, ealah kang kang kok gemblung tenan wakmu iki... Kang saiin : ealah ngono to bakno... Aku : Yho ngene ki lo seng jeneng sami' karo muta'alim ga podo,podo wae karo wong ngaji yen ora dikaji maneh mesti salah penafsiran. Criphek karo kinclung kekel ngrungokne critone kang saiin.