Mari magriban grimis trus timbang nganggur aku ngopi nak ngarep omah..
Ngobrol karo kang saiin..
"awakku loro kabeh ndi, pilek meriang" jare kang saiin.
"dijawil kui kang,hehehe" jwbku
"dijawil piye maksudmu?" takoke kang saiin.
"dijawil karo seng gawe urip kang, paling wes suwi pean lalikne,hehehe" jwbku maneh.
"opo yho ngono kiro-kiro,arep golek obat sek ndi" kang saiin ngadek arep ngaleh.
"ora isin ye kang?" takokku.
"isin karo sopo?" kang saiin balik lingguh.
"karo seng wenehi waras nu kang, mosok diwenehi waras gelem mboso diwenehi loro kok ga gelem trus bingung golek obat,seng wenehi kan podo wae kang..hehehe" jwbku
"lha kowe lak loro opo ga mok obati ndi?" takoke kang saiin.
"aku ki ora tau waras kang, ket cilek ampek sakmene ki blasss ga tau waras" jwbku.
"lha kowe loro opo wong ketok sehat ngono?" takoke kang saiin.
"halah pomo tak critakno pean yho panggah ga mudheng kang, penyakit e aneh,hehehe.." jwbku
"penyakitmu edyan ye?" takoke kang saiin.
"wkwkwkw(aku guyu kekel) ora kang, lebih bahaya soko edyan..wkkwkwkw.."jwbku kekel
"lha terus saiki piye ndi?" takoke kang saiin.
"yho ra piye kang, wes pokok ditrimo ae wong kabeh kui seng wenehi podo,adab e mahluk nak gustine kan ngono to kang".jwbku karo nyumet samsu.
"oalah iyho yho.." kang saiin ga sido golek obat malah melu nyumet apache..
aku mung mesem karo dolanan coc..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar