Jumat, 25 Maret 2016

LIR......ing????...


Sedino ki maeng aku ra enek penggawean blas, akhire timbang nglamun mending ngopi wae nak ngarep omah, ora lali karo gowo laptop itung itung bondo tuku kopi sak gelas tapi oleh gratisan wipi, Nyampek warung trus pesen kopi buka leptop, karo nuunggu pesenan kopi teko aku nyumet samsu krebullll....jan urip mulyo tenan batinku..hehehehe.. Ura suwe criphek (tonggo kulon omah) teko pisan karo pringas pringis ... "lapo we rong?" criphek takok "halah iki lo phek,dolanan karo bokmenowo enek tambah kanggo tuku rokok" jawabku "buka opo we?" takokke criphek maneh "iki lo buka porex, jajal delok propitku oleh piro" jwbku "lha oleh piro?, aku ga mudheng ngunu kui.." jwb e criphek. "lumayan phek, 15,7dolar". jwbku "cuk, sakmono kok lumayan pie,kui akeh rong" jawabe criphek. aku mung guyu "wes ra sah omongongae,ndang jauk kopi pisan sak rokokmu" 'sippp!!!!!' jwbe criphek.. Ora suwe kopi teko, jenenge bakul kopine makdhe gudik,,karo wenehne kopi makdhe gudik ngomong ngene " URIP KUI ORA TENTANG OPO SENG MOK KHAYALNE LAN SENG MOK IMPEKNE TAPI TENTANG OPO SENG MOK PIKIRNE LAN SENG MOK KERJAKNE" makdhe gudik karo mesem trus nglirik aku trus balik nglayani pembeli liyane. Aku karo criphek mung guyu ingah ingih,,, "ancen bener rong seng diomongne gudik kui,wong lak kakean ngipi lan berkhayal dadi ora oleh opo opo.oleh e mung ngelu nang sirah" jare cripkek. "lhayho ancen ngono to phek ket biyen ke, wes rasah ngipi ndang reneo tak warahi porex ben ora urip nak khayalan ae wakmu ki" jwbku karo ngakak. Akhire cah loro podo edyan mentelengi layar laptop..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar