Kamis, 24 Maret 2016

Lek To vs setan


edisi crito : Sore ki maeng pas ngopi nang warung ngarep omah ketemu lek to wonge crito mari ketemuan karo mantan pacar, jenenge wong pernah seneng akhire biasa kangen kangenan. pacare lek to jenenge mbak suminten, semok yho ndelalah rondo iku jare lek to.. kocap kacarito lak mung omong omongan tok yho kecut pikire lek to akhire wong loro kui maeng sepakat nyewo kamar nak hotel salm* Nyampek hotel wong loro kui langsung nang recepsionis "mbak enek kamar? " jare lek to "enek om, kari siji lan fasilitase mung kipas angin" jwb recepsionis " piye yank?" lek to takok mbak suminten. "ora popo yank.." jwb suminten karo mesem "ya wes kui ae mbak,ndi kuncine" lek to muni nak recepsionis e Sak wis e oleh kunci lek to lan suminten age age nyang kamar , dasare wes do kebelet.. hehehe.. teko kamar langasung cepot klambi..trus terjadilah.. IYKWIM Durung ampek 2 ronde ndilalah enek razia pol pp.. lek to karo suminten gelagapan didobrak kamare.. "aku ora salah pak,ojo digowo nak kantor" lek to karo prembik prembik. "iyo pak aku yho ora salah,," suminten karo ndingkluk.. "kabeh do ra salah,trus sopo seng salah?" takoke pol pp "SETAN pak" jwb lek to ro suminten kompak ujug-ujug ndas e lek to mrempul kenek upper cut setan seng membo membo dadi pol pp "jiangkrek tenan menungso iki,aku ora lapo lapo barang panggah disalahne.." setan asli gremeng karo ngemut premen Iki maeng crito ne lek to pas ngopi nak warung ngarep omahku

Tidak ada komentar:

Posting Komentar