Iki maeng aku ora mlebu kerjo,pikirku penak nganggur nang omah tapi bakno malah bingung, lontang-lantung ga jelas, Akhire panggah budal ngopi nak warung ngarep omah.
Lagi wae pesen kopi, iku wae durung digawekne malah diparani Lek To, "bih apes maneh iki" batinku.
"gak mlebu to ndi?" Lek To takon
"ora lek.." jawabku karo panggah dolanan COC.
"penak koyo awakmu,ga mlebu panggah dibayar". lajut Lek To.
aku cuma mrenges ga nyawang wonge.
"aku ki jane piye yo ndi?" takoke Lek To.
"jane piye opo ne to Lek?"takokku.
"lhayo, jane aku ki wes istikomah,tahajud,dhuha, kerjo yo sregep tapi kok panggah ngene-ngeneae" jwbe Lek To.
"ngene piye to Lek?" takokku.
"panggah mlarat ndi,bih ngonoae ga paham wakmu ki" jwbe Lek To rodok mangkel.
"oalah...apik kui Lek". jwbku karo guyu.
"kok apik? piye karepmu ki?". Lek To soyo mliliki aku.
"lhayho Lek,lak pean sugih durung mesti pean iso istikomah,tahjud,dhuha, keadaan pean koyo ngunukui mergo Gusti Alloh iku sayang karo pean Lek." jwbku
"mosok ngono yho ndi?" Lek To.
"HO'OH" jwbku karo nyumet samsu..
Lek To mantuk mantuk karo meneng, ketok koyo wong mikir.
Aku cuma nyawang karo mbatin "angel lek nglakoni koyo pean,ditinggal bojo dadi tkw,dipasrahi anak telu sek cilik cilik kabeh, hmmm..mugoae pean kuat nglakoni proses Lek".