Wingi sore si Lingg ngajak mlaku mlaku nang lapangan buri terminal, jarene karo ngetes mobil remot controle seng mari tak benakne...
Ket mari muleh ngaji wes ngeyel ae pingin dolan nang lapangan, timbang nangis tak turuti,
Tekan lapangan ndilalah aku ketemu kang sai'in njogrok nang sor wit sengon..
Berhubung si Lingg wes umeg karo mobil2ane akhire aku marani kang sai'in.
Aku : Ojo nglamun ae kang ga apik,
Kang sai'in : Orang nglamun ndi, tp tafakur...
Aku : (ngguyu karo jupuk rokok), Rokokan sek kang...
Kang sai'in : Weh, beneran rokokku pas entek, tp kok abot eram rokokmu ndi.
Aku : Ora kang, pean pijeti disek ben ga abot..
Kang sai'in : Abot nang kantong maksudku, samsu lak mehong..
Aku : Sik mehong Samsiah kang,,,(karo mringis)
Kang sai'in melu guyu cekakaan, mungkin kelingan jaman nom2an e biyen tau nguber2 samsiah pemandu karaoke seng kondange ayune ngidap2i..
Kang sai'in : Aku ki sek bingung ndi, jane nang ndunyo iki opo seng tak goleki ampek sikil dadi sirah,sirah dadi sikil.
Aku : Byuh, kok ngeri ngono kang ampek salto salto barang pean.
Kang sai'in : Direwangi salto ae ga cukup ngene kok ndi.
Aku : mosok ga cukup? ojo sok muni ngono lho kang, garai dibendu ro Gusti.
Kang sai'in : Lha arep muni cukup piye buktine tiap hari aku panggah jempalikan golek bondo ndi.
Aku : Pean ki kliru kang ampek jempalikan nguber bondo seng sejatine mung barang ndunyo.
Kang sai'in : Kliru pie wong buktine awakmu yho jek kerjo, ngunu iku po ra podo wae koyo nguber ndunyo?
Aku : Jelas ora podo kang, aku ki kerjo mung saranan gae Menikmati ndunyo kang, ora ampek nguber trus jempalikan.
Kang sai'in : Lha kok menikmati??
Aku : Yho jelas nu kang,, wong awake dewe ki wes nang ndunyo trus ge opo kok diuber??mending nguber seng mene awake dewe bakal lakoni utowo alami kang..
Kang sai'in : maksudmu percuma nguber ndunyo mending nguber akherot ngono ta ndi?
Aku : Kiro kiro kang ( karo ngakak trus mlaku marani Lingg mergo batrei ne entek trus ngajak muleh)
Kang sai'in : (mbengok) wooo wong edyan.dikon jelasne kok malah ngalih...!!!
Aku mung ngakak karo nyetater motor karo mbatin menungso iki ancen werno2,Gusti alloh moho agung lan moho segalane weneh pangerten marang mahluke

Tidak ada komentar:
Posting Komentar